Mc Halal bihalal

 اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِي هَدَانَا لِهٰذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللّٰهُ ، و نصلى ونسلم على نبي الهدى والرحمة خاتم النبيين وامام المرسلين سيدنا ومولانا محمد وعلى اله واصحباه اجمعين. ونقول جعلنا الله واياكم من العائدين والفائزين وانتم كل عام بخير وعافية. قال النبي صلى الله عليه وسلم : الحج المبرور ليس له جزاء الى الجنة. رَبِّ اشْرَحْ لِي صَدْرِي* وَيَسِّرْ لِي أَمْرِي* وَاحْلُلْ عُقْدَةً مِّن لِّسَانِي * يَفْقَهُوا قَوْلِي. اما بعد.

- Wonten ngarsanipun poro alim ulama' poro kyai poro sepuh pinisepuh. Wabil Khusus  Romo KH. A. Tadjus Shobirin ingkang kito tenggo mauidhoh hasanah soho do'a ipun.

- Ingkang kulo mulyaaken Romo Kyai Moh. Ja'far Shodiq mbah Khoirul M. Selaku penasehat PUWAS.

- Ingkang Kulo Hurmati bp. Mustagfirin selaku Ketua Panitia Reuni PUWAS.

- Ingkang kulo hurmati  sohibul bait Bp. Abdul Muid Sekeluargo 

- Ingkang kulo mulyaake lan kulo hormati hadirin hadirot lan sedoyo durriyahipun Mbah Sukarmi. Mbah Junaidi, Mbah Samiun, Mbah Sukari, Mbah Mashadi. 



Sepindah sumonggo kita tansyah ngunjuaken raos puji syukur kita dumateng Alloh SWT   ingkang sampun paring pinten pinten kenikmatan dumateng kito sedoyo arupi nikmat sehat lan nikmat iman islam. sahinggo kita saget hadir wonten ndalemipun Bapak Abd. Muid sekelurga. Saperlu nyambung silaturrahim lan Reuni PUWAS Ingkang kaping 4 puniko soho Walimatus Safar.


Kaping kalihipun sholawat salam mugi tansah katur dumateng Junjungan Kito Nabi Agung Muhammad SAW. biqouli Allohumma Sholli wa sallim Ala Sayyidina Muhammad. mugi mugi kito sedoyo pikantuk syafaat ipun wonten ing yaumil qiyamah. amin ya robbal alamin. 


Kaping tiganipun ing priki kulo minangkani pranoto adi coro bade maosaken susunan Adi coro ingkang bade  kalampah wonten ing enjang puniko. 


1. Pembukaan

2. Qiroatul Quran 

3. Yasin tahlil

4. Sambutan sambutan 

 a. Sambutan saking Shohibul bait 

b. Sambutan saking keluarga Besar PUWAS 

5. Istirahat

6. Mauidhotul Hasanah - Do' 

7. Penutup


mekaten susunanan acoro ingkang bade kalampah wonten ing Reuni Keluarga Besar PUWAS puniko. Monggo acoro kito bikak kanti waosan surotul fatihah mugi mugi acoro wonten enjang puniko kalampah kanti berkah lan lancar.  alfatihah.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Terjemah sifaul janan bahasa Indonesia

Amalan Rabu terakhir wulan shofar (rabu wekasan)

Sholat Unsil Qobri